Rabu, 28 September 2016

Contoh Teks Eksposisi : Gamelan (Bahasa Jawa)

HuWagu | Contoh Teks Eksposisi : Gamelan (Bahasa Jawa) - Wacan Eksposisi yaiku salah sawijining wacana sing bisa mbudidaya ngandharake pokok pikiran sing tujuane njembarake wawasan utawa pangerten sing maca.

Ciri-ciri wacan eksposisi:

  • Arupa wacan informasi.
  • Ana gambar, grafik, karo tabel sing magepokan karo isi wacan.
  • Wasananing wacan ana penjelasan.
Wacan eksposisi adate digunakake kanggo mbabar kaweruh utawa ilmu, definisi, pangerten, cak-cakan sawijining kegiatan, metode, cara, lan proses dumadi sawijining kakadeyan utawa bab.

Jenis Wacan eksposisi:
  • Wacan sing nuduhake proses.
  • Wacan sing nuduhake tuladha.
  • Wacan sing nuduhake sebab akibat.
Tuladha Wacan Eksposisi : Gamelan

Gambar Gamelan Jawa
Gamelan Jawa
Gamelan jawa iku salah jinis corak gamelan sing urip nang Jawa Tengah uga Yogyakarta lan sebageyan Jawa Wetan. Musik gamelan Jawa iki beda karo musik gamelan saka daerah liya. Musik gamelan Jawa lumrahe nduwe nada luwih lembut lan luwih alon. Beda karo musik gamelan Bali sing nduwe nada luwih cepet, uga gamelan Sundha sing rasa musike nglaras banget lan didhominasi swara suling.
Gamelan Jawa iku nduwe gatra-gatra pentatonis lan nduweni 2 laras, yaiku laras slendro lan laras pelog. Laras slendro nduweni urutan gatra-gatra 1 2 3 5 6 (ji ro lu ma nem). Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kaperang dadi pathet nem, pathet sanga, lan pathet manyura. Urutan iki umume kanggo pagelaran wayang. Laras pelog nduweni gatra-gatra 1 2 3 4 5 6 7 (ji ro lu pat ma nem pi). Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kaperang dadi pahtet nem, pathet lima, lan pathet barang.
Piranti gamelan Jawa bisa dikelompokake dadi 4 bageyan yaiku gongan, balungan, panerusan, lan kendhang. Gong, kempyang, kethuk, kempul lan kenong menika kalebu gongan. Balungan iku rangkeyan melodi ing gamelan. Dadi ing jinis musik gamelan iki inti melodine ana ing rangkeyan swara balungan iki. Sing kalebu balungan yaiku saron panerus, saron barung, demung lan slenthem. Saron demung utawa asring disebut demung iku salah sawijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron. Iki jinis saron paling gedhe ukurane, sing paling cilik peking sing tengah-tengah saron barung tembe demung. Ana 2 jinis saron demung yaiku pelog demung lan slendro demung. 2 jinis piranti panerus iki ndhuwe laras beda-beda. Wilah saron demung iki paling gedhe ing kelompok saron ukurane kira-kira 35,5 cm dawa lan ambane 9 cm. Saron demung ndhuwe swara paling rendah ing kelompok saron. Panerusan yaiku bonang, gender, gambang, siter lan rebab. Bonang barung yaiku salah sawijine bageyan perangkat Gamelan Jawa kang duweni bentuk pencu banjur diarani bentuk pencon. Laras slendro wilahe ana 12 cacahe, banjur kang Laras Pelog wilahe ana 14 cacahe. Bonang Barung manggone ing rancakan saka kayu kang bentuke kaya amben. Pencon kuwi mau ditata ing rancakan ditumpangake ing tali kang diarani pluntur. Bonang barung ditabuh nganggo kayu kang cacahe 2, kayu kuwi mau sing bageyan dhuwur diblebet nganggo kain lan pluntur. Cara nabuh bonang kuwi ana akeh pola tabuhane, yaiku polatabuhan gembyang, mipil, imbal, sekaran, klenangan, lan liya-liyane. Bonang barung kuwi gunane kanggo mbukani gendhing. Sakliyane kuwi, bonang barung uga bisa kanggo nuntun alur gendhing. Khusus ing pola mipil, bonang barung kuwi bisa kanggo nuntun Instrumen liyane. Bonang Barung ora bisa dadi lagu penuntun, nanging kolaborasi karo bonang penerus gawe pola lagu lan ing aksen-aksen penting bonang gawe sekaran kang biasane ana ing akhir kalimat lagu. Yen kendhang iku salah sijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Ing musik modhern, piranti iki digolongake piranti perkusi. Kendhang diselehake ing wadhah panyangga saka kayu sing wujude memper huruf Y. Kendhang ing musik gamelan fungsine kanggo mimpin lan ngarahake musik. Kendhang nduweni jinis lan ukuran kang werna-werna. Ukurane kendhang antarane 20 cm nganti 45 cm. Kendhang bentuke kaya drum lan dimainake kanthi cara ditabuh. Masing-masing 4 kelompok iku nduweni fungsi dhewe-dhewe kanggo nggawe swara sing harmonis.
Gamelan Jawa nduwe aturan-aturan sing wis pakem antarane katata saka pirang-pirang rambahan lan pathet utawa jero cetheking swara, uga ana aturan sampak utawa cepet-rendhete laku sing wis pakem, uga ana batesan-batesan gongan lan melodine wis diatur ing bageyan-bageyan sing saben-saben ketata 4 gatra. Pandangan urip Jawa kang digambarake sajrone musik gamelan yaiku kaselarasan kauripan jasmani lan rohani, kaselarasan sajrone omongan lan tumindak saengga mujudake toleransi ing sasama. Wujud nyata ing musik gamelan Jawa yaiku tarikan tali rebab kang sedengan, paduanseimbang swara kenong, srin, kendhang lan gambang lan swara gong kanggo nutup irama. Gamelan Jawa biasane dianggo ngiringi pagelaran wayang lan tari-tari. Saliyane musik, gamelan Jawa uga ana swara sindhen kang nembangake lancaran, ladrang, lan gendhing-gendhing Jawa.


Sumber:
http://ramadhany26.blogspot.co.id/2014/04/artikel-jawa-gamelan-jawa.html (diakses pada 28 September 2016 pukul 19:04)
http://langkah-berlari.blogspot.co.id/2012/02/wacan-eksposisi.html (diakses pada 28 September 2016 pukul 19:07)

Berkomentarlah dengan bijak :)
[-] Jangan melakukan spamming
[-] Tidak menerima URL
EmoticonEmoticon